Guyonan Suroboyoan

Bahasa Daerah memang menjadi bahasa yang dipergunakan sehari-hari oleh masyarakat di manapun berada, Indonesia sebagai negara kepulauan memiliki keunikan dan keragaman bahasa daerah.

Humor sendiri tidak pernah terlepas dari kehidupan sehari-hari manusia entah dia berasal dari Sunda, Jawa Timur, Maluku atau manapun.

Seperti prinsip yang dianut oleh Warkop Prambors. Tertawalah sebelum tertawa itu dilarang, maka ini ada sedikit oleh humor-humor khas Suroboyoan, yang mungkin bisa mewakili karakter/tipikal orang Jawa Timur ketika bercanda.

ps: humor ini sebenarnya sudah banyak beredar di milis-milis, namun tiap kali membaca humor ini saya selalu tertawa dan rasanya sayang jika tidak saya arsip. Maka saya posting di blog ini

DOKTER CANGGIH

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.

“Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.

Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan “.

“Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko ene maneh” jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

“Wis enakan tah ?” takok doktere.

“Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.

“Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki yo” jare doktere. “Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.

“Obat kopok..”

ARGOWILIS

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.

Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin,” Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,”Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun”.

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan,”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok.

Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku”.

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, “Waahh.. kapan maneh aku isok nggaplok Kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe hihihihi…”.

JIN

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

“Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare jine.

“Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.

“Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke. Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.

“Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat

“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

“Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.

“Saiki …. aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat.

“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

“Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, “Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh”.

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu ning tampah…

“Jin guoblok!!! kok aku mbok dhadheke tahuuuuuuuuu…. “

NGUMBAH KUCING

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.

“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.

“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.

“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.

“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.

“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno
.
“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge. Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.

“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.

“Kucingku mati ” jare Wonokairun.

“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.

“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.

“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.

“Tak peres … .”

NGUNTAL YUYU

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.

“Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ?” takok Bunali.

“Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh.” jare Wonokairun.

“Lho kok isok ?” jare Bunali.

“Sing pertama mati nguntal yuyu.” jare Wonokairun

“Lha sing kedua ?” takok Bunali

“Sing kedua mati nguntal yuyu.” jare Wonokairun.

“Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan” jare Bunalu kemeruh.

“Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.

“Lho opoko ?” takok Bunali.

“Soale gak gelem nguntal yuyu …”

TUKU TISU

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.

“Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe.” jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.

“Iki kucingku ” jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.

“Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. ” jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.

“Iki asuku ” jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, karo nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.

“Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? ” jare Bunali.
“Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. ” jare Wonokairun.

Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.

Bunali misuh-misuh gak karuan, “Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek.”

“Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? “.

26 thoughts on “Guyonan Suroboyoan

  1. hahaha…. mosok ujub e sampeyan engkok sampeyan kongkon nguntal yuyu mas … kelkelke .. enakan nguntal kunam ae lego nggawe H … leghoooo :laughing: :laughing: :laughing:

  2. sorry belum ada :). Saya pake cutenews yang flat database sebab kapasitas hostingnya kecil. Belum cari-cari apakah ada addon rss-nya atau enggak, kalo gak ada, ya nanti saya buat sendiri :), ntar kalo udah ada rss saya kabarin di blog anda deh. Sekarang ini berencana maunya sih pindah ke wordpress atau moveabletype.

  3. masalahnya aku gak nduwe bojo on, jadi kemungkinannya kecil kalo nyuruh bojoku nguntal yuyu. Gak tau lagi kalo kamu, jangan-jangan dik feni biasanya disuruh nguntal yuyu ambek awakmu? atau jgn2 dek feni disuruh nguntal kunam?

    Hahahahahaha

  4. :crying: :crying: waaaaaa … duh kok gitu seh KK. ck ck ck ck …. tapi kayak e seh enak loh di kunam lek di untal iku … keh ke h khe kehkeh :tongue:

  5. Walah, baca ceritanya harus dibimbing sama orang jawa, soalnya saya kagak ngerti, saya irang makassar siih… 😀

  6. Hallo zayn,…..
    thanks udah berkunjung kesini :smile:, saya sering banget baca posting anda di milis singcat, tapi saya jarang posting. Dikasitau sama Ronny ya?

  7. #-o yok opo see mosok kok podo kabeh ceritane barek mat phiti gak e seng bener iki seng ngendi crita sak benere???
    :-\ tpi yo kreatif aku salut iso koya ngono. sadurunge sepurane melu ngritik bek e iso yo sing tambah kreatif matur nuwun:):d salam =))

  8. wakakak…..kakakak…ceritone nang nduwur bener2 guendeng pol,aku salut…. lucu nemen,maklum aku nang banjarmasin jarang nemoni boso suroboyoan sing konyol koyo ngene..tambahi yo critone,ok ce-es

  9. buener2 guendheng ceritane
    gawe awet nom…
    sampek kepingkel-pingkel olehe wong ngguyu lak ceritakno maneh

  10. lagi cari2 resep di internet, malah nemu blog ini.. eeehh malah jadi nyangkut disini deh.. baca sambil ktawa2 nggak keruan, sendirian.. hehehe.. ibu saya orang surabaya ayah malang.. jadi kadang kangen denger suroboyoan.. yang mana nggak pernah dipake dikalangan temen2, tempat kerja, apalagi disini.. hihi.

    suami saya orang minang asli yang lama tinggal di bandung. cuma dia suka ikut2an ngomong bahasa jawa. nanti malam kalau dia sudah pulang dari kantor akan saya ajak baca blog ini sama2. pasti ngakak berdua..

    terimakasih ya mas hiburannya.. =)

  11. jiangkrik, iso ae sampeyan gawe ngguyu wong. wis pancet top tenan. sukses terus ya n ojo mandek olehe gawe seneng uwong. MERDEKA

  12. ngombal thok…
    tapi sing penting lucu.
    tuku bal ambek mbadok tahu
    masio ngombal sing penting isok ngguyu

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This is not spam