Humor Suroboyoan II

Ternyata humor suroboyoan itu sudah ada yang membuat blognya dan berada di blogspot. Semua humor suroboyo yang sudah saya posting sebelumnya ternyata juga sudah ada disana.

Nah, sekarang ini saya posting ulang semua humor-humor suroboyo tersebut.

Monggo dinikmati……


Mat Pithi pensiunan marinir
Tepak Mat Pithi dadi marinir mbiyen, tau dines nang Kalimantan Utara.
Operasi Dwikora, eling gak peno-peno kabeh?
Pas mlebu-mlebu alas, wong mungsuhe yo gak main-main, pasukan Gurkha, jare, Mat Pithi kepeksa ngorban-no sikile sing ngidhek ranjau darat.
Yo ambyar, rek, sikil sing sebelah tengen. Untung kanca-kancane cepet nggawa Mat Pithi nang barak, dadi jik isok ketulungan nyawane.
Perkara sikile sing tengen, yok opo maneh, wong ancur mulai ngisore pupu thithik sampek ngisor.
Cobak rodok munggah thithik, isok kantong menyan sing gondal gandul iku katut bablas.
Begitu tekan barak, langsung diupokoro mbarek dokter-dokter bedah sing ahli.
Sikile sing karek thithik jik isok ditulung, tapi disambung mbarek sikil liya, sing wonge wis mati.
Kanibal, ngono, lah… Cumak, wong situasi darurat, yo oleh sikil sak kecandake.
Dawane rodok kacek kira-kira 2 cm. Wis gak opo-opo.
Rodok pincang thithik lak malah tambah gaya, lah, wong tentara mulih saka perang.
Isok digawe crita. Jugak kelire kulite sing rodok gak patek podo.
Mat Pithi ireng, sikil gajulane rodok putih. Wis, yo gak opo-opo.
Wong yo nek dines kan nggawe clono. Nek ndik omah, ya sarungan.
Sing penting sikilan, gak nggawe kruk.
Mat Pithi onok meh sewulan ndik rumah sakit (wis diusung saka barak sing ndik garis depan).
Durung isok mudhun, ngenteni sambungan sikile waras.
Mat Pithi ya wis lumayan marem, gak perlu nggawe kruk engkuk-e.
Bareng wis waras, Mat Pithi wis mulai dines maneh.
Mlakune tambah gagah, masiyo rodok pincang thithik.
Tapi jik tetep tegap.
Marinir, rek…. Cumak, onok sing aneh mbarek Mat Pithi sak iki.
Nek katene nguyuh mesti tiba, nggluntung. Mak glundung….
Wis pirang-pirang dina iki Mat Pithi nek nguyuh mesti golek nggen sing rodok sepi.
Lha lak isin, se. Wong angger nguyuh mesti ngglundhung, kok…
Gak kuat nandhang wirang koyok ngono, Mat Pithi njaluk ketemu mbarek dokter sing ngoperasi sikile mbiyen.
Wong wis suwi, ya rodok kanglena ketemune.
Barang ketemu, Mat Pithi nyritakno nasibe sing dialami sak iki.
Doktere terus mbukak arsipe. Ndeleki data-data sing tau dinggo ngoperasi Mat Pithi mbiyen.
Ketemu, wis …. Tibak-e critane ngene.
Sikil sing dinggo nggajuli sikile Mat Pithi sing ancur mbiyen iku sikile arek wedok.
Lha nek pas katene nguyuh, sikil tengen sing sikile arek wedok iku njaluk ndodok….


Nontok bioskop
Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem India.
Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.
Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.
Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah. Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim.
Pas tekan njero dek e takon, ‘pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?’ Dokter Nursalim kanda ‘Rong ewu, cung’ ‘Oleh gak sewu?’
Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol ‘Oleh ae, pokok gak kathik dibius’. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.
Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.
Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik. Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.
Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.
Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni
Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.
Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis…. Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget.
Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara’.
Awad kaget, ‘Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?’
‘Iya’
‘Lha, iku lak pasienku. Mari tak suntik bius, dadak gak balik’.

Lara mata
Mat Pithi lara mata, matane kepeksa diperban loro-lorone.
Lunga nang dokter mata dituntun anake mergo gak eruh dalan.
Teko ndhik dokter mata langsung lingguh ndhik ruang tunggu,
anake dikongkon mulih “Wis kono muliho, koen ngrewangi ibumu. Mari ditambani mengko aku isok mulih dhewe”,
anake langsung nggeblas mulih. Bojone ndhik omah nunggu suwe Mat Pithi gak balik-balik.
Akhire bojone nyusul nang dokter mata. Teko kono bojone eruh Mat Pithi ndhik ruang tunggu lungguh dhewekan.
Mbasan eruh tulisan ndhik lawange ruang praktek dokter mata, bojone kaget,
Mat Pithi diseneni “Ealah Pak, pak..lha koen nunggoni sampek jam-jaman ya gak bakal dipriksa.
Lha iku ndhik lawang onok tulisane “HARI INI TIDAK PRAKTEK”.

Mat Pithi akhire ketemu ambek Doktere mata.
Jare pak Dokter, matane Mat Pithi lara mergo kelenjar air matane gak berproduksi maneh.
Pak Dokter mata duwe akal, matane Mat Pithi dioperasi, saluran air mata disambungno ambek kelenjar air liur.
Mari dioperasi Mat Pithi kerasa enak, matane gak pedhes maneh.
Tapekno Mat Pithi tambah soro.
Yo’opo gak soro lha nek eruh panganan dudu cangkeme sing ngiler tapi matane sing mbrebes mili.

Mat Pithi, sales sabun deterjen
Pengalamane Mat Pithi blusukan nang rumah tangga ndik kampung-kampung, merga dadi sales sabun deterjen, isok nggandeng Saropah, arek kemayu Kaliasin gang Pompa.
Gak urung, sing jenenge pacarane arek sak iki, gak cumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek. Kathik milih enggon ae yo ndik losmen barang. Cobak, opo maneh sing didulek-i nek wis ndik kamar arek loro.
Pisanan kedadeyan, abuk-abukan sampek lali, ngantek wong loro uda bareng, terus dulinan mama-mama-an, papa-papa-an.
Jenenge wong lali, yok opo se….,kedadeyan, wis.
Bareng wis mari, saropah kaet eling, nek wis melakukan perbuatan sing kudune durung oleh.
Saropah nangis ngguguk. “Onok opo dik, kok awakmu nangis?’, pitakone MatPithi.”
“Yok opo katene gak nangis, cak, awakku iki sak iki wis gak suci, wis kenek noda”, kanda ngono ambek tambah banter nangise.
Mat Pithi langsung nyaut
“Perkara noda ojok kuatir,dik. Aku duwe produk sing jenenge deterjen anti noda. Bahkan, noda bandel sekalipun”
“Saropah yo tambah get olehe nangis, rek….. !

2..5…2…5..2.5.2.5
Cilikane Mat Pithi, wis ketok nek calon arek mbeling.
Kira-kira umur 5,durung sunat. Nek nguyuh, wong pancen ‘kupluk’-e manuk-e jik durung disunat, iyo ae nek nguyuh mesti pating plencar gak karu-karuwan.
Kathik nek nguyuh sak enggon-enggon,dadi yo nggarahi pesing kabeh.
Man Dul, bapak-e Mat Pithi, yo rodok mangkel ndelok ndik endi-endi uyuhe Mat Pithi pating ciprat gak karu-karuwan.
Tembok-tembok pesing kabeh, tah, wis.
Sore-sore, man Dul nyeluk Mat Pithi, diajari nguyuh sing tepak,cek gak njibrat kono-kene.
“Cung, koen nek nguyuh ojok terus mak cur ngono ae. Delok-en iku tembok-e kecipratan kabeh mbarek uyuhmu. Lak pesing kabeh,tah,nek ngono iku”
“Tak warahi nek nguyuh sing tepak, yo. Rungokno urut-urutane.

1. Kathok diplorotno.
2. Kulit sing ndik pucuk-e pelimu iku pliwek-en
3. Nguyuh
4. Ojok lali diwisuhi
5. Kulit sing mliwek mau dikulupno maneh
6. Kathok-e digawe.

Yo. Ojok lalilho mbarek urut-urutane mau.
Cobak, nek nguyuh urut-urutane mau diunekno sing banter.
Mbengok, cek bapak eruh nek wis bener caramu nguyuh”
Mulai dina iku Mat Pithi cilik nek nguyuh wis bener.
saben nguyuh bengok-bengok nyebutno nomor urut ‘prosedur’ sing diwuruk-i bapak-ne mau.
“1. 2. 3. 4. 5, 6”, ngono terus ben dina.
Sak wijining dina, man Dul kaget krungu Mat Pithi nguyuh,ambek mbengok ngene
“1, 2, 3, 4, 4, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2,5………2, 5, 2, 5, 2, 5…!”
“Le… ola opo ae koen iku kok cumak 2-5, 2-5, 2-5 terus ?”

Pikun
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.
“Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?” takok Bunali.
“Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. ” jare Wonokairun ambek nangis.
“Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. “
Bunali mulai bingung. “Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. ” jare Wonokairun.
“Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. ” Bunali tambah bingung.
“Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. ” jare Wonokairun maneh.
“Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?” Bunali wis gak sabar meneh.
“Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . .”

Mancing
Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
“Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. ” jare Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
“Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge,” jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
“Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?” takok Bunali.
“Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. ” jare Wonokairun.
“Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?” jare Bunali gak percoyo.
“Awakmu sing ke limo . . .”

Purik
Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki.
“Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po’o”.
“Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah…!!! ” jare Sumar muring-muring.
“Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding po’o cak, eman banyune amber-amber” takok bojone maneh.
“Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah …!!! ” jare Sumar ambek menteleng.
“Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po’o cak..”
“Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! “
Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah koncone.
Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
“Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko. De’e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de’e nawakno kate nulungi cumak onok sarate…. ” bojone cerito.
“Opo sarate ?” Sumar mulai curiga.
“Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de’e ” jare bojone.
“Lha terus kon nggawekno roti opo..? ” Sumar takok maneh.
“Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!…”

Bakul Bakwan
Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
“Aku ngimpi mbah Kakung mati …” jare anake.
“Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
“Aku ngimpi mbah Putri mati….” jare anake.
“Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh” jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
“Aku mimpi bapakku mati… ” jare anake.
“Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
“Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare cak Srondhol.
“Iku lho Cak…. bakul bakwan langgananku mati….”

Babaran
Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong babaran.
Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis tambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas. Wak So bingung, cik kuate arek iki.
Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung prapat.
Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.
Jarene Turkan, “Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas”.
Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, “Hebat awakmu nak”.
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis mati …..

Rp. 200,000
Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.
“Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?” jare tamune.
“Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak..” jare bojone Cak No.
Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.
“Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi pisan” Kusen mulai ngerayu.
“Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan” jare bojone Cak No.
“Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken” jare Kusen ambek ngetokno seket ewuan loro.
Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.
“Yo wis, tapi diluk ae yo”. jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.
“Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun sitoke, tak kei satus ewu maneh” jare Kusen.
Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau. Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, “Sing iki pisan cak… gae bonus”, jarene.
Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.
Gak sui, Cak No mulih. “Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol..” bojone cerito.
“Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wis dibayar tah ?.”

Mulih Gasik
Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
“Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan” jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku melok amblas.
Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.
Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, “Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe”.
“Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae” jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem “Gak wis, gathik!!!. Kapok aku”.
“Lho opoko kon iku.?” takok konco-koncone.
“Soale wingi aku meh konangan..”

Kaspo thok !!!
Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
“Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.” jare Sudjak ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
“Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone mulai purik.
“Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih” jare Sudjak.
“Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!” jare bojone Sudjak.
Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.
“Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!”

Mbah Jo
Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.
Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat.

Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.
“Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”.
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!

Avtur
Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
“Adem-adem ngene enake ngombe yo” jare Uwar.
“Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?” jare Joko.
“Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah?” Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.
“Yok opo kon War..?” jare Joko
“Wah whuenak, kon yok opo ?” jare Uwar.
“Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?” jare Joko.
“Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?” jare Uwar.
“Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?” takok Joko.
“Dhurung..” jare Uwar.
“Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. .” jare Joko.
“Lho opoko masalae ..?” Uwar bingung.
“Soale aku saiki ndhik Banjarmasin..”

Lobang
Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.
“Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki” jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau. Sui gak onok suorone blas…
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Watune kurang gedhe be’e, cobak kelopo” jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone….
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Sik golek sing luwih gedhe maneh,” jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone…
“Cik jerune lobang iki..” jare Sakri
Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.
“He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!”, takok Wak Dri.
“Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku” jare Nasip.
“Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur ”

Rasa Stroberi tah . . .?
Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune. Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune. Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,
“Isine kembang yo….”.
“Seratus buat bu guru..” jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
“Isine permen yo…”.
“Pinter bu guru..” jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
“Es krime rasa anggur yo…” jare bu gurune kemeruh.
“Salah…” jare areke.
“Rasa stroberi tah…?” bu gurune kemeruh maneh.
“Salah ..” jare areke.
“Wis aku nyerah, rasa opo sih iku” takok bu gurune.

“Isinya anak anjing kok bu guru…”

Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku. Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

Jarene ngene ”Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.”
Jare ewangku “Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?”.
“Lho opoko masalae ?” salesmane takok.
“Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati …”

22 thoughts on “Humor Suroboyoan II

  1. lha aku moco bolak-balik pancet ngguyu ae mas, mangkane timbangan’e ilang mending tak simpen dewe ndek blog. dadi engkok lek pengen moco maneh kari ndelok blogku dewe. Hahaha

  2. Hahahahahahaha … 😀 aku yo wes nyimpen soal e 😛 .. cuam sing rodok kemproh ora .. 🙂 ngkok di protes karo komenas eHam … :P~

  3. #4: ini pake bahasa khas jawa timur alias Surabaya, jadi agak susah dipahami :), tapi kalo bisa bahasa jawa pasti akan ketawa-tawa kalo baca ini. Jika diterjemahkan ke bhs Indonesia nanti gak lucu lagi dong :))

  4. Aku nek moco iki, rasane koyo mbayangno ngrungokno ceritho ludruk sing uakeh lucune, iso gawe rai wong ngguya-ngguyu dikiro sing ruh rak melok uedaaan.

  5. 3 – Ngentutan
    Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
    “Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
    Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan “.
    “Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene maneh” jare doktere.
    Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
    “Wis enakan tah ?” takok doktere.
    “Aku gak ngert i obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.
    “Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki yo” jare doktere.
    “Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.
    “Obat kopok..”

  6. 8 – Jin
    Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
    asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
    Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
    dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
    “Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare
    jine.
    “Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan
    sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
    ambek jin” jare Kayat.
    “Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
    apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
    Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis
    tah gak rugi pokoke.
    Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.

    “Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku
    kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
    “Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
    Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
    “Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine..
    “Saiki ….. aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.”
    jarene Kayat.
    “Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang
    njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
    “Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
    temenan cik gak getun” jare jine.
    Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,”Aku kepingin kulitku malih
    putih wudho dirubung wong wedhok akeh”.
    Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek
    keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai
    curiga.
    Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
    dhadhi tahu. .. .

  7. Piro umurku ?
    Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.
    Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
    Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
    Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.
    Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
    “Ning, ayo bedhe’en piro umurku ?” takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
    “Paling sik selawe . . .” jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
    “Salah Ning, umurku sakjane wis 45” jare Mat Penceng bangga.
    Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.
    Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
    Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe’i maneh nang arek-arek iku piro umure.
    Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.
    Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe’i umure, tapi gak onok sing bener.
    Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
    “Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe’en piro se umurku?” jare Mat Penceng.
    “Kiro-kiro 27 mas” jare pelayane.
    “Salah mbak, umurku 45” jare Mat Penceng.
    Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.
    Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
    Mergo durung tau mbedhe’i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
    “Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe’i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?” jare Mat Penceng.
    “Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu.” jare simbah mau.
    “Iyo tah, piro se umurku?” takok Mat Penceng penasaran.
    “Wah tapi onok sarate” jare simbah mau.
    “Opo sarate mbah ?” Mat Penceng tambah penasaran.
    “Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu.” jare simbah iku mau.
    Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
    “Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe’en umurku piro selak satpame teko !!” jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.
    Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,”Le, aku weruh umurmu iku saiki 45″.
    Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
    “Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?” takok Mat Penceng gak sabar.
    “Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . .”

  8. Tumo Londo,

    Ndek jaman biyen ana tumo sing digowo londo tekan Indonesia, pas nang londo berkembang biak.
    Salah sawijining dino, tumo londo nang dalan ketemu karo koncone sing lagek kademen, terus ditakoni.
    Tumo 1: kene’ opo peno cak kok kademen ngono
    Tumo 2: Ngenelho aku mau melok wong numpak harley nang kumise.. bareng wis mlaku banter aku kademen koyok ngene…
    Tumo 1:
    Dasar guoblok.. koen iku mending koyok aku .. nang bandara terus menclok nang pramugari aku dlesep nang katoke .. wah anget wuenak tenan rek ….
    Tumo 2:Yo.. wis sesuk tak nyobak koyok peno cak…
    Sesuke tumo 1 jek delok tumo 2 kademen terus ditakoni
    Tumo 1: kene opo sampean jek koyok ngene .. gak melok sing tak kongkon tah ..
    Tumo 2: Jane aku wis nglakoni koyok peno cak, aku nag bandara.. dlesep nang katoke pramugari… pancen uwangeet… tapi moro-moro aku kademen maneh … tibake aku wis nang kumise wong sing numpak harley meneh cak……!!!!?????????????

  9. pancene dagelanmu iku lucu buanget cak aku nek stress langsung moco dagelanmu lumayan gawe tombo gratisan karo guya-guyu ijenan koyok wong edan sing gak iso bayar utang he… he… he…=))=))

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This is not spam